10. Ing ngandhap menika pundi ingkang kalebet wujudipun campursari, kajawi : a. lelagon campursari c. langgam campursari b. macapat campursari d. modern campursari 11. Tembung ingkang sampun katambahan ater-ater, seselan, lan panambang inggih menika tembung : a. andhahan c. rangkep b. lingga d. camboran 12. Purwakanthi miterat jenisipun dipunpilah dados tiga, inggih menika : a. purwakanthi guru swara, guru sastra, basa utawi lumaksita b. purwakanthi guru gatra, guru sastra, lumaksita c. purwakanthi guru sastra, guru wilangan, lumaksita d. purwakanthi guru swara, guru gatra, guru sastra Kawaosana tembang campursari ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomor 13-17! Tembang Jambu Alas Kelingan manis eseme Trus kelingan ramah gemuyune Tresna lan kasih, kasih sayange Karep atiku klakon dadi bojone Sayange wis nduwe bojo Nanging aku, aku wis kadhung tresna Nelangsa rasane ati Yen aku ora klakon melu nduweni Jambu alas kulite ijo Sing digagas wis nduwe bojo Ada gula ada semut Durung randha aja direbut Sumpah neng batin, yen kula tidak dikawin Tekad ing ati ora bakal luru ganti Sumpah wis janji, arep sehidup semati Seneng sedhih bareng-bareng dilakoni Jambu alas ndhuk, manis rasane Snajan tilas tak enteni randhane 13. Saking tembang campursari ing inggil, pundi ingkang kalebet tembung lingga : a. snajan, rasane, enteni c. wis, aja, ora b. sumpah, randhane, digagas d. kasih, karep, tresna 14. Saking tembang campursari ing inggil, pundi ingkang kalebet tembung andhahan : a. randhane, enteni, tresna c. bojone, kelakon, kelingan b. sedhih, semati, manis d. tak, wis, ora 15. “Snajan tilas tak enteni randhane”, basa Indonesianipun ingkang trep inggih menika : a. walaupun lama ditunggu jandanya b. kalau mau ditunggu jandanya c. meski bisa kutunggu jandanya d. meski bekas kutunggu jandanya 16. Menapa isinipun tembang campursari ing inggil menika : a. tiyang estri ingkang tresna marang tiyang kakung b. tiyang kakung ingkang tresna marang tiyang estri c. tiyang kakung ingkang tresna marang tiyang estri gadhah bojo d. tiyang kakung ingkang tresna marang randha 17. “Menawi kapingin anggadhahi garwa menika ampun ngantos ngrusak bale samahipun tiyang sanes”, miterat pamanggih panjenengan aspek budi pakerti menika katingal saking lirik pundi : a. sing digagas wis nduwe bojo b. seneng sedhih bareng-bareng dilakoni c. tekad ing ati ora bakal luru ganti d. durung randha aja direbut 18. Menapa tegesipun guru wilangan : a. cacahing gatra saben sapada b. tibaning swara ing pungkasaning gatra c. cacahing wanda saben sagatra d. cacahing wilangan saben satembang 19. Tembang macapat ingkang gambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutanipun ibu inggih menika : a. mijil c. kinanthi b. sinom d. maskumambang 20. Tembang macapat ingkang anggadhahi watak sedhih prihatos , sengsem gandhrung. Mathuk kanggo cariyos sedhih lan asmara inggih menika : a. gambuh c. asmaradana b. pangkur d. maskumambang Kawaosana tembang macapat ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 21-23! lamun sira anggeguru kaki amiliha manungsa kang nyata ingkang becik martabate sarta kang wruhing hukum kang ngibadah lan kang wirangi sokur oleh wong tapa ingkang wus amungkul tan mikir paweh ing liyan iku pantes sira guronana kaki sartane kawruhana 21. Tembang macapat ing inggil kalebet jinising tembang macapat menapa : a. mijil c. asmaradana b. pangkur d. dhandhanggula 22. Guru wilangan saha guru lagunipun tembang macapat ing inggil inggih menika : a. 10-i, 10-o, 8-e, 7-u, 9-i, 7-o, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a b. 10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a c. 10-i, 10-o, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 8-a d. 10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-o, 6-u, 8-a, 12-i, 8-a 23. Menapa piwulang ingkang dipunandharaken saking sekar macapat nginggil : a. caranipun dados guru ingkang becik b. caranipun supados gurunipun becik c. caranipun dados siswa ingkang becik d. caranipun pados guru ingkang becik 24. Kalungguhane pangripta ing sajroning carita dipunsebut menapa : a. sudut pandang c. watak b. latar d. amanat 25. Lakuning carita utawa urut-urutaning carita dipunsebut menapa : a. tema c. latar b. alur d. amanat Kawaosa wacana aksara jawa ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 26-28! Uwi Maratuwa Nayakarsa omahe nang desa cedhak alas, duwe mantu jenenge Parmin omahe nang sebelah wetane. Nayakarsa omahe gedhe, kramik tur duwe jaran, beda karo Parmin sing omahe mung kaya kandhang wedhus. Ing desa kuwi mangsa katiga telung wulan, wong desa padha golek uwi ana alas ora kajaba Nayakarsa, sanajan Nayakarsa taksih duwe jagung lan tela nang omah. Ing sawijining dina Nayakarsa ngejak Parmin menyang alas golek uwi. Ora suwi Parmin langsung weruh uwi, nanging Nayakarsa banjur ngendika “wah, ngawur kowe min, iki uwiku, biyen aku sing nandur”, “ngoten ta pak” wangsulane Parmin. Parmin banjur mlaku maneh, ora suwi weruh wit uwi cerak wit ingas “hla dalah,entuk uwi temenan aku”. Maratuwa sing lagi wae rampung ndhuduk banjur ngendika “aja min, kuwi wit uwi sing cerak wit ingas ta? Mbiyen aku sing nandur”. Parmin banjur bali, batine kabeh uwi diakoni uwine Nayakarsa. 26. Alur cerkak nginggil kalebet menapa : a. alur monoton c. alur mundur b. alur maju d. alur campuran 27. Menapa tema cerkak ing inggil : a. maratuwa ingkang serakah b. maratuwa ingkang gadhah uwi c. maratuwa lan mantu golek uwi d. desa ingkang mangsa katiga 28. Piwulang menapa ingkang saged dipunpundhut saking cerkak nginggil : a. Tiyang gesang kedah legawa b. Tiyang gesang boten pareng pelit c. Tiyang gesang kedah gadhah rasa welas d. Tiyang gesang kedah kiyat 29. Pundi ingkang kalebet aksara rekan : a. k+ c. a+ b. w+ d. l+ 30. !yk/sluzmev=als\, seratan aksara jawa menika dipunwaos : a. Nayakarsa lunga menyang alas c. Nayakrasa lunga menyang alas b. Gayakarsa lunga menyang alas d. Gayakrasa lunga menyang alas 31. Parmin banjur ngelus dhadha, kados pundi menawi dipunserat mawi aksara jawa : a. %/minBnju/zelusdd b. p/minBnJ|/zelusDd c. p/minBvJ|/zelusDf d. %/minBvJ|/zelusDd 32. Wacana ingkang ngandharaken kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa ingkang winates ing sajroning wektu dipunwastani wacana menapa : a. persuasif c. deskriptif b. naratis d. eksposisi Kawaosa artikel ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 33-35! BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mboten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun. Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. 33. Artikel nginggil menika kalebet artikel menapa : a. naratis c. eksposisi b. argumentasi d. persuasi 34. Kados pundi relevansi basa jawa kaliyan budi pakerti : a. wonten ing basa jawa dipunsinaoni bab unggah ungguh b. wonten ing basa jawa dipunsinaoni bab basa c. wonten ing basa jawa dipunsinaoni kapribaden tiyang d. wonten ing basa jawa dipunsinaoni bab bebasan 35. Wonten ing bab menapa ingkang ngandhut kapribaden manungsa : a. etika c. bebasan b. moral d. unggah ungguh 36. Layang menika piranti kangge komunikasi ingkang awujud menapa : a. Seratan c. lisan b. gambar d. swara 37. Anggenipun nyerat layang kedah miterat tata urutaning nyerat layang, perangan ingkang dipunserat wonten inggil piyambak menika perangan menapa : a. adangiyah c. purwaka b. surasa basa d. satata basa 38. Kados pundi anggenipun nyerat titi mangsa ingkang leres : a. 24 November 2012 c. Sleman, 23/11/2012 b. Sleman, 23 November 2012 d. Sleman. 23-11- 2012 Kawaosa tuladha layang ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 39-40! (1)…..Bantul, 1 September 2011
Winantu sagunging pakurmatan…..(2) (3)….Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan. Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sakaluwarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami, AGUS TUNGGAL HARDIAN benjang ing,
(4)…dinten : selasa wage surya Kaping : 12 September 2012 wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen sabibaripun. mapan ing : Griya kula Bambanglipura Rt 12 Rw 10 Bantul, Yogyakarta (5)…..Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin. Wassalamu 'alaikum Wr. Wb. (6)……Atur Taklim Kula, 39. Layang ing nginggil layang menapa : a. layang ijin c. layang undhangan b. layang katresnan d. layang lelayu 40. Perangan pundi ingkang dipunwastani adangiyah : a. (1) c. (3) b. (2) d. (4) |